Minggu, 22 Oktober 2017

LELA (O) LEDHUNG




tak lela lela lela ledhung
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing bagus rupane
yèn nangis ndhak ilang baguse





tak gadhang bisa urip mulyo
dadiya pria utama
ngluhurke asmane wong tuwa
dadiya pendhekaring bangsa





wis cup menenga anakku
kae mbulane ndadari
kaya buta nggegilani
lagi nggoleki cah nangis





tak lela lela lela ledhung
énggal menenga ya cah bagus
tak emban slendhang bathik kawung
yèn nangis mundak bapa bingung
tak lela lela ledhung





sumber : https://jv.wikipedia.org/wiki/Tak_Lelo_Lelo_Lelo_Ledung
Lagu pengantar tidur bahasa Jawa - Javanese Lullaby