Rabu, 27 September 2017

NGELMU PRING

Ngelmu pring dirumuskan oleh budayawan Sindhunata sebagai ilmu hidup mencontoh pohon bambu yang senantiasa bertumbuh dan selalu membangun rumpun-rumpun baru serta selalu siap memberi manfaat pada kehidupan manusia. Geguritan(puisi Jawa) berjudul ”Ngelmu Pring”, yang tertulis dalam buku Air Kata Kata karya Sindhunata, mengajak manusia untuk memahami secara dalam bagaimana manusia harus bermanfaat seperti bambu.


Ngelmu Pring HIPHOP oleh ROTRA



pring reketeg gunung gamping ambrol
ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
pring reketeg gunung gamping ambrol
uripa sing jejeg nek ra eling jebol

pring deling, tegese kendel lan eling
kendel marga eling, timbang nggrundel nganti suwing


pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg
rejeki seret, rasah dha buneg


pring ori, urip iku mati
kabeh sing urip mesti bakale mati
pring apus, urip iku lampus
dadi wong urip aja seneng apus-apus
pring petung, urip iku suwung
sanajan suwung nanging aja padha bingung
pring wuluh, urip iku tuwuh
aja mung embuh, ethok-ethok ora weruh
pring cendani, urip iku wani
wani ngadepi, aja mlayu marga wedi
pring kuning, urip iku eling
wajib padha eling, eling marang Sing Peparing


pring iku mung suket
ning omah asale seka pring
usuk seka pring
cagak seka pring
gedhek iku pring
lincak uga pring
kepang cetha pring
tampare ya mung pring
kalo, tampah, serok, asale seka pring
pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring
mangan enak, mancing iwak, walesane ya pring
jangan bung, aku gandrung, jebule bakal pring

nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring
pancen penting tumraping manungsa sing dha eling
eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling Gustine


wong urip kudu eling, iso urip seka pring
tekan titi wancine ya digotong nganggo pring
bali nang ngisor lemah, padha ngisor oyot pring
mulane padha eling, elinga Sing Peparing


ora bakal bubrah marga iso melur
kena dinggo mikul, ning aja ketungkul
urip kuwi abot, ja digawe abot
akeh repot, sak trek ora amot
mulane uripmu aja dha kaku
melura, pasraha, ra sah dha nesu
aja mangu-mangu ning terus mlaku
sanajan ro ngguyu aja lali wektu
kowe bakal bisa urip rekasa
ning kudu percaya uga sregep ndonga
Gusti paringana, luwih pangapura
marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa


aja nggresula, aja wedi
dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti
ngatur urip lan mati
nyukupi rejeki
paring tentreming ati
cukup sandang pangan papan
bakal mukti pakarti